Sabtu, 27 Juni 2015

PANTUN JOWO

hey smn mesti bingung arep upload status neng fb,twitter,instagram dll.yo neng kene akeh pantun seng arep smpean upload untuk warga jawa niki:
    tuku areng karo manggis,
kintir banyu tekan bekasi,
awakku ireng tapi manis,
rodo lemu tetep seksi.

jangan bayem gorengan bakwan,
iwak bebek tempe penyet,
aku iki kalem tapi diragukan,
rodo cuek tetep ae di arani crewet.

dolanan boto nganti peteng,
sedino mung mangan markisa karo delima,
aku iki sih joko meskipun ganteng,
mungkin terlalu setia karo cinta pertama.

goreng bakwan lengo secanting,
dipangan neng tendo karo konco-konco,
aku ngarep arep perawan sing sih ting-ting,
tapi yen kepekso rondo yo rapopo.

===================

udun bengkak tambah methenteng,
plethet alon-alon ben ora bahaya,
paling penak dadi wong ganteng,
ngetan ngulon dadi idola.

dulure kuntilanak jenenge hantu,
ketabrak becak langsung mental,
paling penak duwe pacar aku,
turu ngglethak gak perlu bantal.

mlaku-mlaku ketemu badhut,
kesasar tutuk bekasi lan Thamrin,
pancen aku iki gendhut,
tapi tetep seksi lan maskulin.

jangkrik ngerik nguntal pasir,
sekali nglirik langsung naksir.


wit jati di gawe kayu,
wit Klopo ugo di gawe kayu,
niat ati pengin ngrayu,
lg nyopo malah ditinggal mlayu.


tuku kayu pirang-pirang,
I love U sayang

plastik kresek wadah mahoni,
 plastik ireng nggo wadah jagung,
 irung pesek tansah ngangeni,

 gawe seneng tur pengin ngambung.

ono manggis dipangan yuyu,
tak kiro nangis jebule ngguyu.

kunang-kunang gowo lunpia,
ojo ngaku lanang yen ora setia.Honda Revo Suzuki Satria, Tabrakan ning tengah dalan.
Mboh jodo mboh ora, sing penting kekancan.

Sepet sepet, sawone mentah.
Diempet empet selak ora betah.

Ono kodok ketatap koco,
Yen wes mbadok lali karo konco.

Tawon ngentup siseh gulu,
Pejabat korup ojo ditiru.


Kembang Suket MekarE SorE
Ndasku Mumet MikirnE KowE


Sambel trasi wadahe besek.
Awake seksi irunge pesek..

sambel trasi sambel terong,
awake seksi bathuke nonong.

gulo jowo gulo batu,
aku kangen koe cah ayu....
hahahahahahaha

Iwak teri dipangan lele,
Bengi iki aku kangen kowe.

tong kosong angin isine,
Weteng kosong masuk angin dadine.
 pun cman niku seng kulo gadah matursuwun nggeh tulung di like nggeh!                     by:KHOIRULASJPURCUSSION

Tidak ada komentar:

Posting Komentar